Rabu, 22 Februari 2017

pawarta basa jawa lengkap



PAWARTA BASA JAWA
1.       Pangertene pawarta
pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :
·         Tinemu ing akal (penalaran logis).
·         Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
·         Struktur basa trep.
·         Diksi trep ora ambigu.
·         Narik kawigaten.
·         Basa kang nengsemake.
2.       Perangane pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku :
a.       Headline (judul/irah-irahan).
b.      Deadline (batas wektu).
c.       Lead (teras pawarta).
d.      Body language (surasane pawarta/bahasa tubuh).
3.       Unsur-unsur pawarta
Unsur-unsur kang kdu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) + 1H (how) –(apa,ing ngendi,kapan,kenang apa,sapa,kepiye).
4.       Sifat pawarta
a.       Aktual (anyar).
b.      Jarak (adoh/cedhak).
c.       Penting.
d.      Akibat.
e.      Congkrah/konflik.
f.        Tintrim (ketegangan).
g.       Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.
h.      Emosi.
i.         Humor.
5.       Nilai pawarta
Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M.Romli), yaiku :
a.       Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar.
b.      Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c.       Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.
d.      Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.
6.       Etika nulis pawarta
·         Objektif
·         Cover both side.
7.       Teknik nulis pawarta
a.       Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b.      Nemtokake teras berita (lead).
c.       Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
d.      Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

10 komentar: